Tembung rangkep (kata ulang) yaiku sakabehing tembung sing
diwaca kaping pindho, bisa sakabehing tembung utawa mung sawanda (sakecap) bae.
Tembung rangkep ana telung warna, yaiku :
1. Tembung
Dwilingga
Tembung Dwilingga yaiku tembung kang diwaca kaping pindho
kabeh linggane. Tembung Dwilingga kapareng dadi loro yaiku Dwilingga Wantah lan
Dwilingga salin swara.
- Dwilingga
wantah yaiku dwilingga kang dumadhine sarana karangkep tembunge tanpa
owah-owahan. Tuladha :
-
Guru-guru :
Guru-guru padha ngajar ing kelas.
-
Bocah-bocah :
Bocah-bocah padha dolanan neng lapangan.
-
Ibu-ibu :
Lomba masak diikuti dening ibu-ibu.
- Dwilingga
salin swara yaiku dwilingga kang dumadhine sarana ngowahi tembunge sing
ngarep, mburi, utawa loro pisan. Tuladha :
-
Mloka-mlaku :
Neng pante kartini akeh wong padha mloka-mlaku.
-
Gonjang-ganjing : Nalika ana lindu bumine
gonjang-ganjing.
-
Mrana-mrene :
Wong iku mrana-mrene nggoleki barange sing ilang.
2. Tembung
Dwipurwa
Tembung Dwipurwa yaiku tembung lingga utawa andhahan kang
karangkep purwane (wanda sing ngarep). Tuladha :
-
lara - lalara - lelara :
Ing wayah udan akeh bocah padha kena lelara.
-
tuku - tutuku - tetuku :
Pasar iku panggonan tetuku barang barang kaperluan sadina-dina
-
tulung - tutulung - tetulung :
Dadi warga masyarakat kudu padha tetulung karo tanggane.
3. Tembung
Dwiwasana
Tembung Dwiwasana yaiku tembung kang dumadine sarana
karangkep wandha kang wekasan (mburi). Tuladha :
-
Cenges – cengesnges – cengenges : Dadi murid aja cengengesan karo gurune.
- Cekik – cekikkik – cekikik : bocah iku guyune cekikikan
sumber : dari berbagai sumber internet dan buku
- Cekik – cekikkik – cekikik : bocah iku guyune cekikikan
sumber : dari berbagai sumber internet dan buku
Sign up here with your email
ConversionConversion EmoticonEmoticon